Sunday, May 3, 2009

Rekasane dadi kethek



Kethek kuwi salah sawijining sato khewan kang lucu, nanging iso ugo mbebayani yen durung kuthuk utawa yen lagi kagol. Yen nesu utowo kagol iso malah nyokot utowo nggrawuk kang ngingu.

Ing saparan-paran kethek ono kang dienggo nggolek duwit sarana didadekake sirkus, sing ing panggonanku diarani ledek munyuk. Bocah-bocah cilik biasane podo seneng ndeleng si kethek kang lucu megal-megol niru sapolahe manungso.

Dadi kethek sakjane kepenak, mergo ora biso mikir koyoto menungso. Dadi ora tau mikir mangkel, srei, utowo bingung nggolek duwit.

Nanging yen si kethek ora biso nindakke opo sing dikarepke para menungso ing sakiwo tengene, si kethek yo paling mung dipisuh-pisuhi, kepara malah dibalang sandal. Ning karangyo jenenge kethek raiso mikir, dibalang sandal malah disaut ditampani karo pringas-pringis.

Kethek kuwi khewan kang mesakke, uwis nindakke sapolah tingkah kanthi ora njaluk bayaran kejaba dipakani kok yo isih do dipisuh-pisuhi dening menungso. Menowo ono menungso kang serik karo si kethek, utowo mangkel mergo wis njaluk si kethek supoyo njoget kok malah ketheke kleru akting njupuk payung banjur lungo menyang neng pasar.

Jeneng misuh yo mestine ora nganggo tetembungan kang alus, biasane nganggo jeneng khewan liya-liyane barang. Jane malah rodo lucu nek kethek kok diunekke khewan liyo sing sok njegog utowo mbaung. Isih bejo nek mung dipisuhi, nek nganti dibalang sandal, yen keno lak tambah bonyok bathuke.

Kanggo para kethek, wis trimakno wae nasibmu dipisuh-pisuhi. Gusti Kang Maha Kuasa sing bakal mbales.

Kanggo para menungso kang pinter lan wicaksono, kudu luwih nduweni rasa tepo sliro, lembah manah, lan njaga tumindak sarta omongan. Merga ajining diri dumunung ono ing lathi. Yen ora gelem dipisuhi, ojo sok misuh-misuh. Semono ugo, yen ora gelem dioyak kethek, ojo sok mbajuli kethek.


Dipublikasikan tanggal 25 Oct 2008
Ditulis dalam kategori , oleh Sadewo

12 comments:

  1. hahaha cakap jawa yer... bangatnyak kau... bisakah besurah banjar...akogin handak ulah banjaram juak... hehehe

    ReplyDelete
  2. ulah la si utoh hai...napajah kada bisak....kulaan nereng napajah takurihing...muakakakaka!!!!!

    ReplyDelete
  3. umaiyai... hingkat jua si utuh nginik besurak...huakaka

    ReplyDelete
  4. awak pada warek andika padahi kethek.... napang ngadak... takuriheng pang...

    ReplyDelete
  5. This comment has been removed by a blog administrator.

    ReplyDelete
  6. aku ingat arsenal boleh beat MU..hampeh!!!!..hua..hua..hua

    ReplyDelete
  7. team kau tak kuat lah bro..baik kau sokong selangor ke, johor ke...amacam?

    ReplyDelete
  8. uhuk!uhuk!...aku menerima kekalahan seadanyer...uhuk!uhuk!....buek!!!!

    ReplyDelete
  9. woi!!! apasal kau delete comment aku...apo lah..

    ReplyDelete
  10. sukati aku la...aku blog administrator....muakakakakaka!!!!!

    ReplyDelete
  11. amik angin dulu len kali sblm baca eiza oi!!!!

    ReplyDelete